Subscribe:

Ads 468x60px

Saturday, June 13, 2015

Sekedar joke

Sebelumnya maaf, saya tidak menyarankan untuk membacanya...
Tadi pas baca WA temen baca ini, karena gua sempet cekakaan ya udah gua posting aja, ntar, ntar klo gua lagi suntuk gua baca lagi ... ahaahahaha..

Warning !!! Ada beberapa konten yg memiliki bahasa kasar, mohon jangan membaca sampai bawah ya... ^_^

Ok bacanya cukup sampai sini lho ya...yang bawah buat pribadi gua aja.. cckckckck...

DADI MBAH IKU KUDU SABAR

Putu : “lapo sampean mbah? “
Simbah : “nggolek godhong gedhang le”

Putu : “godhong gedhang gawe opo mbah ?"

Simbah : “gawe bungkus lontong”

Putu : “lontong gawe opo mbah”

Simbah : “engkok dipangan ambek opor”

Putu : “oooo sik engkok, lha saiki laopo mbah?

Simbah : “nggolek godhong gedhang leee”

Putu : “gawe opo mbah? “

Simbah : “digawe bungkus lontong!! Khan maeng wis tak kandani leee!?!?!”

Putu : “Lontong digawe opo mbah?”

Simbah : “dipangan ambek opor leee, mosok digawe ganjel lawang??“

Putu : “Oh ngono yo mbah”

Simbah : “iyooo, wis kono lungo, ojo ngganggu aku!!!”

Putu : “opo’o mbah? “

Simbah : “kan aku akeh gawean saiki…!!!”

Putu : “gawean opo mbah…?”

Simbah : “jangkriiiikkkk, nggolek godhong gedhaaaang!!!!!”

Putu : “godhong gedhang gawe opo mbah…?”

Simbah : “digawe lontoooong, budheg ta koen?????!! “

Putu : “Simbah ngomong ambek sopo…? “

Simbah : “jancuuuk, yo ambek awakmu  BLOK GOBLOK…!!!!

Putu : “lha lek ambek aku, laopo simbah bengok bengok? Aku khan ndik  kene ae”

Simbah : “matamu piceeekkk!!! Soale koen goblok… gak ndelok ta 
aku lagi akeh gawean????!!!! “
Putu : “gawean opo mbah….? “

Simbah : “dengkulmu anjloogg!!!! Nggolek godhong gedhaaaang Coooooook…! “

Putu : “godhong gedhang gawe opo mbah…?”

Simbah : “cangkemu suweeekkk… digawe bungkus lontong, lontong yo dipangan leeeee!!!! “

Putu : “Kan nang omah ono beras, opo’o simbah mangan lontong campur godhong gedhang mbah????”

Simbah : “putuku sing nggantheng ireng thuntheng koyok areng, koen dulin sing adoh lek perlu gak usah mbalek sak lawase!!!!!, engkok simbah bludregke kumat. Simbah lagi nyambut gawe saiki!!”

Putu : “opo’o koq bludreg mbah? Sakjane simbah nggolek godhong gedhang opo bludreg sih? Bludreg iku opo sih mbah? Isok digawe bungkus lontong ta…?“

simbah : “juamput!!! guoblooook!!!! Kenthiiir!!!!“

Putu : “kenthir??? Simbah stress yo?? “

Simbah : “iyo Simbah stress..!. mumet ndasku ono awakmu ngganggu aku nyambut gawe!! “

Putu : “lek nyambut gawe nggolek godhong gedhang nggarai mumet…, laopo simbah sik tetep nggolek godhong gedhang??”

Simbah : “wis wis gak usah kakean cangkem!! Saiki minggato, muliho ae koen.!!!!“

Putu : “iyo mbah, aku moleh ae… simbah gak moleh pisan…??”

Simbah : “gak, aku sik akeh gawean “

Putu : “gawean opo mbah…?”

Simbah : “jamput!!! takok maneh!!!!! nggolek godhong gedhang,..!!!!

Putu : "godhong gedhang gawe opo mbah,.?”

Simbah : “gawe njejeli cangkemu!!!!????

Putu : lha jarene maeng gawe bungkus lontong  mbah?

Simbah nggeblak kejet2 kenek stroke...

0 comments:

Post a Comment